KODRATE MANUNGSA
Manungsa iku wus ana kodrate dhewe dhewe
Manungsa ora bakal bisa mlupat saja apa kang wus diparingake Gusti
Manungsa urip amung nglakoni apa kang wus digarisake
Hamula... kudu padha bisa narima ing pandum
Ananging
Aja ninggalake usaha lan donga
Sawijining kamulyan iku
Amarga saka palilahing Gusti
Sapa kang gelem rekasa, bakal mulya ing tiba burine
WULAN RAMADAN
Wulan suci wus ana ngarep mata
Wulan kang padha dianti-anti
Ayo padha tata-tata kanggo ngadhepi wulan suci iki
Wulan kang kebak berkah
Raga...
Pikiran...
Ati
Enggal padha diresiki
Supaya bisa luwih cedhak marang Gusti
PETENGING WENGI
sumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu
gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi
lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?